Sabtu, 23 April 2011
PANDHU DEWANATA
Prabu Pandhu dewanata mujudake nalendra gung binathara kang nate ngayomi negara astina ngantibisa ngambah jaman kencana rukmi.Putrane begawan Abiyasa ing pertapan sabta arga kang nomer loro iki kagungan garwo loro cacahe.Dewi kunthi talibrata putri saka mandura lan dewi madrim putri saka mandaraka.Saka garwa loro mau,prabu pandhu kagungan putra lima cacahe,kang wujud kakung kabeh,kang katelah pandhawa lima(putra pandhu).Ratu kang seneng mbedhak pikat iki sawijining dina golek buroning alas bebarengan kelawan dewi madrim,garwane kang angka loro.Prabu pandhu dewanata weruh kidang loro sing lagi pepasihan sapinggiring sendang swilugangga.Tanpa mbuwang wektu kidang kuwi banjur kajemparing.Sawise tatu kena gegaman kidang mau badhar wujud dadi manungsa.Deweke sawijining pandita sing lagi nglakoni,lan garwane kang lagi nggarbini mudha.sakdurunge seda pendhita mau kober ngesotake prabu pandhu dewanata,ora kena saresmi karo garwane.yen nganti saresmi prabu pandhu dewanata bakal tumekaning pralaya.Ing sawijining dina prabu pandhu dewanata sajak kagugah greget asmarane.nalika weruh dewi madrim sing lagi wae rampung siram jamas.Garwane mau banjur diajak manjing menyang tilam pagulingan.Sarampunge lelumban ing samodraning asmara kuwi kekarone tiwas sak naliko.
Minggu, 03 April 2011
kenapa lebih baik naik sepeda?
dengan naik sepeda,kita dapat menghindar dari kemacetan.Disamping itu perawatannya lebih murah,tidak ganti oli,minyak rem dll,juga tidak pusing jika harga BBM naik.Turut juga mengurangi polusi udara serta;bila kita datang ke kantor dengan pikiran cerah,karena tubuk aktif bergerak.
Langganan:
Komentar (Atom)